Aku Uwuh Negara (Puisi Ngapak)

in #poetry6 years ago

AKU UWUH NEGARA


Kanca,

Sawangen!

Wong-wong ndesa katon guyub

Tuwa enom lanang wadon padha cancut

Gugur gunung rame-rame memaes desa

Dandan dalan, dandan pager pasang bendera.

Pasang umbul-umbul lan nggawe gapura

Kanggo mengeti dina Mardika


Kanca,

Apa ora isin?

Awake dhewek ketungkul ribut padudon rebutan balung

Ngoceh ngalor ngidula dol HOAX adol umuk

Ndremimil ider pitenah nggedebus kemruwuk

Numpak mobil mewah jatah sekang pamarentah

Bensin gari nyidhuk ngunthet nylinthut angka neng nota blanja

Tanpa katonkasil karya sing nyata

Panggaweyane mubeng minger mbrundhet ora petha


Kanca,

Masyarakat ndesa sing urip prasaja

Tansah rukun nrima ingpandum

Tetep bae semangat asung sengkuyung

Aring program pamarentah sing lagi nedheng ambangun

Kuwe maknanengisi alam kamardikan

Warisan sekang para pahlawan johan


Lha, awakedhewek?

Ora beda karo kemladheyan

Nyokot nyengkerem numpang ngisep bandhane liyan

Persis uwuh mambu paceran.

Tobat....

Aku tobat.



Sugeng Joko Utomo, Tasikmalaya, 13-08-2018

Lingkar Sastra Gombong (Lisong)

Sort:  

RIKA PANCEN PINTER NEK KON GAWE PUISI NGAPAK,,,,,,,,,,,,,SAIKI HAMPIR ILANG BUDAYA JAWA, NJENENGAN TERMASUK SING NGUKIR SEJARAH NANGEKNA PUISI JAWA,,,AH TAK TIRU RIKA , KAPAN-KAPAN............SALAM SUKSES KANG.