Kaki Madsurad (Puisi Ngapak)

in #poetry6 years ago (edited)

KAKI MADSURAD

( in memoriam )

Kagem almarhum Kaki Madsurad, Kaliabang, Pekuncen.

Ki,

durung ilang pengenge kuping klawan kageting ati, rikala sampeyan mbentak aku neng pinggir lurung pojok kampung.

Aku gemeter

nyipati pasuryan sampeyan, sing abang mbranang kaya kembang wora-wari bang.

Swarane gumleger ngungkuli bledheg mangsa rendheng netra kocak kaya gelap nyamber.

Atiku enteng, gari samenir, miris semu gilapen.

Kanang riwen drojos sakojur awak teles gejebes.

: "Ki, kiye luputku...Sing gedhe pangapura ya...!"

Limolas tahun kepungkur wancine mapag sasi Agustus.

Aku sembrana ngglethakna gendera Abang Putih nang suketan pinggir ndalan.

Sinambi ngedhuk lemah nggo pasang cagakke, mbeneri Kaki Madsurad, - sing tau adus getih jaman perang kamardikan -, liwat...

Nyumurupi gendera gumlethak sanalika muntab, panganggepe generasi saiki wis ora duwe rasa kurmat.

Taun kepungkur wanci mapag sasi Agustus

Kaki Madsurad suruding kasedan jati

Ninggali warisan pituah sing ora bakal klalen saumur-umur

Generasi saiki kudu lantip panggraita pinter paring kurmat marang pangurbanane para pejuang.

Sing toh nyawa sorog raga minangka tumbal kamardikan.

:"kesuwun, Ki"

Sugeng Joko Utomo, Tasikmalaya, 11-08-2018

Lingkar Sastra Gombong (Lisong)